SEJARAH DESA KELOR

30 April 2014 17:20:39 WIB

Desa Kelor sakderengipun madeg piyambak taksih kawengku dening pemerintahan KeLurahan Wiladeg. Jaman rumiyin sakderengipun mlebet wonten KeLurahan Wiladeg, Desa Kelor awujud papan ingkang suwung, mboten wonten ingkang nduweni, dereng wonten panguwaos utawi pemerintahan ingkang nyepeng lan ngatur Desa Kelor. Awit kahanan kados mekaten Desa Kelor kangge rebutan antawisipun Demang Jaranmati kaliyan Demang Wiladeg.Demang Wiladeg menika piyantunipun pinter saha cerdik, Demang Jaranmati akhiripun kalah anggenipun rebutan, Desa Kelor dipun kuasani dening Demang Wiladeg. Saking bukti sejarah wonten satunggal makam utawi kuburan ingkang wiyaripun kirang langkung 72 meter persegi ingkang mapan wonten ing Padhukuhan Mengger, makam menika taksih wonten ngantos ing samangke. Siti makam menika kagunganipun Kasultanan Ngayogyakarta hadiningrat, kalebet siti sultan ground. Dipun pitados cikal bakal Desa Kelor dipun wiwiti saking pakuburan menika.Desa Kelor mboten dipun perintah langsung dening Lurah Wiladeg ananging dipun wakili dening Kamituwa. Kamituwa menika andhahanipun Lurah. Kamituwa ingkang paling kentun ngasta wonten ing Desa Kelor asmanipun Zakarias Kartoikromo.Kamituwo Zakarias Kartoikromo dipun biyantu dening Bayan Kariyorejo ingkang mapan wonten Padhukuhan Sudimoro, Sowiharjo ngasta ulu-ulu ingkang mapan wonten Desa Wiladeg saha Kromorejo ingkang ngasta Jogoboyo mapan wonten Padhukuhan menggerlor ingkang samangke sebutanipun Padhukuhan Mengger.Desa Kelor mayungi wewengkon pitung Padhukuhan antawisipun Padhukuhan Sudimoro, Padhukuhan Kelor, Padhukuhan Menggerlor samangke kasebat Padhukuhan Mengger, Padhukuhan Menggerkidul samangke kasebat Padhukuhan Ngunutlor, Padhukuhan Ngunut samangke kasebat  Padhukuhan Ngunutkidul, Padhukuhan Slametan saha Padhukuhan Karangayu.Desa Kelor misah saking Pemerintahan KeLurahan Wiladeg wonten ing tanggal 25 Maulud 1349 H utawi 20 Agustus 1930 Masehi. Madegipun Desa Kelor menika dipun pimpin dening Lurah, dene Pemerintahan Desa Kelor ingkang ngasta sepisanan menika Mentotaruno ngasta jabatan Lurah, dipun biyantu Deglik ingkang ngasta Carik. Ngasta pemerintahan ing tahun 1930 dumugi 1932.Lurah kaping kalih wonten Desa Kelor dipun asta dening Sastrokariyo wiwit tahun 1932 dumugi tahun 1936, dipun biyantu carik Desa Warsowiyono.Kasun ngasta jabatan Lurah urutan kaping tiga wonten ing Desa Kelor tahun 1936 dumugi 1942 kabiyantu Carik Warsowiyono.Lurah kaping sekawan dipun asta Warsowiyono kabiyantu carik Prawirosukarjo, wiwit tahun 1942 dumugi 1946.Kalajengaken Lurah kaping gangsal, dipun asta Mangundisastro dipun biyantu carik Prawirosukarjo, ngasta pemerintahan wiwit 1946 dumugi 1947.Lurah kaping enem wonten ing Desa Kelor dipun cepeng dening Panular wiwit tahun 1947 dumugi 1950, dipun biyantu carik Prawirosukarjo.Lurah Desa Kelor kaping pitu dipun asta Purwodisastro wiwit tahun 1950 dumugi 1955, dipun biyantu carik Ngatijo.Prawirosukarja ngasta Lurah Desa Kelor wiwit tahun 1955 dumugi 1988, menika Lurah ingkang paling dangu ngasta jabatan Lurah wonten ing sejarah Desa Kelor. Saking tahun 1955 dipun biyantu dening Ngatijo ingkang dados Carik Desa Kelor. Wiwit menika jabatan Carik dipun asta Lagiyono.Lurah kawolu dipun asta panjenenganipun Bapak Prawiro Sukarjo, Ngasta Lurah Kelor dangunipun 33 tahun, menika Lurah teladan wonten ing Desa Kelor wiwit tahun 1955 ngantos dumugi tahun 1988. Dipun biyantu carik Ngatijo dumugi tahun 1961 kalajengaken carik Lagiyono wiwit tahun 1962.Ing wekdal punika Prawiro Sukarjo ngasta Lurah papan nyambut damel para pamong wonten ing dalemipun Lurah, lan ing wekdal punika kawiwitan ngrancang Kantor Desa ingkang mboten ngginakaken dalem pribadi Lurah.Satunggaling Griyo joglo dipun tumbas saking Padhukuhan Simo Desa Genjahan Kecamatan Ponjong, kagunganipun Karto Sudarmo ingkang ngasta jabatan sosial wonten ing KeLurahan Genjahan Kecamatan Ponjong.Omah joglo saking Padhukuhan  Simo menika dipun pikul dening warga masyarakat Desa Kelor, dipun jadwal ngantos sedaya Padhukuhan ndherek usung-usung joglo menika. Saget dipun pirsani kathahipun piyantun ingkang mikul, awit kekajengan kagungan Balai Desa ndadosaken warga masyarakat mboten memeng, mboten ngresula anggenipun sami nyambut damel badhe kagungan Balai Desa. Kanyata saking semangat saha kekajengan ingkang mboten kendho menika, Balai Desa Kelor saget madeg wonten ing tlatah Kelor.Ing pemerintahanipun Lurah Prawirasukarjo wonten satunggaling pabrik mete ingkang madeg wonten ing Desa Kelor, pabrik menika dipun caosi nama PT Agung Niaga, dipun sahaken dening Wakil Presiden Republik Indonesia Hamengku Buwana IX tanggal 29 Oktober 1977.Masyarakat Desa Kelor kathah ingkang makaryo wonten ing pabrik mete PT Agung Niaga menika. Matahun-tahun pabrik niki damel produksi mete; awit mapinten-pinten masalah ing samangke  menika sampun kendel mboten produksi malih. Sanesipun Balai Desa kaliyan pabrik mete, wonten ing peprintahanipun Lurah Prawirosukarjo menika ugi satunggal gereja ing padhukuhan Kelor, ing samangke kasebat Gereja Katholik Santo Petrus dan Paulus Kelor dipun damel gedhungipun. Taman kanak kanak ST Theresia dipun damel wonten ing komplek gereja menika lan ngantos ing samangke taksih dipun agem kangge pasinaon para siswa saking sakiwo tengenipun, ugi wonten saking papan sanes ananging mboten kathah.Lurah Prawirosukarjo sampun sepuh, Muhammad Nawirin ngasta jabatan Lurah wonten Desa Kelor wiwit tahun 1989 dumugi 1997, 9 tahun piyambakipun njabat Lurah lan dipun biyantu dening Lagiyono ingkang ngasta Carik wonten ing pemerintahan Desa Kelor. Ing jamanipun Muhammad Nawirin menika Balai Desa ingkang wonten dipun pindhah dhateng wingking, dipun unduraken. Ugi wiwit wonten Taman Kanak Kanak kagunganipun PKK Desa Kelor madeg wonten Padhukuhan Ngunutkidul. Sumur bor utawi deepwell ingkang wonten ing Desa Kelor wiwit dipun damel dening proyek pengeboran air tanah ingkang dipun singkat P2AT.Amargi nandhang gerah Muhammad Nawirin mboten saget mimpin pemerintahan Desa Kelor, dipun terasaken dening Winardi njabat PJ Lurah wiwit tahun 1997 dumugi 1999. Ing kala PJ Winard menika Pasar Tradisional utawi pasar Wage Desa Kelor dipun damel kios kios ingkang katata kanthi sae amargi sampun ngginakaken semen kagem cor.Muhammad Lasijo wiwit tahun 1999 dumugi 2000 ngasta jabatan Lurah, dipun biyantu carik Lagiyono. Muhammad Lasijo nandhang gerah dumugi sedanipun, kirang langkung 2 tahun njabat Lurah wonten Desa Kelor. Lagiyono dados PJ nerasaken pemerintahan dumugi tahun 2002.      Lurah Desa ing tahun 2002 dipun ewahi kanthi sebutan Kepala Desa. Kepala Desa ingkang ngganti PJ Lurah lagiyono dipun asta dening Yustina Kemiyarni, dipun biyantu PJ Carik Winardi dumugi tahun 2012. Dangunipun Yustina Kemiyarni ngasta jabatan Kepala Desa menika sedasa tahun wiwit tahun 2002 dumugi 2012.  Kepala Desa Yustina Kemiyarni menika satunggalipun Kepala Desa wanita inggih satunggal-tunggalipun ingkang nate ngasta Kepala Desa wonten ing Desa Kelor genderipun wanita.Kantor Desa Kelor dipun dandosi saha Program Nasional Pemberdayaan Masyarakat Mandiri Perdesaan saweg gencar-gencaripun dados program andalan pemerintah kangge ngentasaken warga miskin saking kemiskinanipun wonten ing masyarakat.Ing tahun 2012 wonten aturan ingkang ngasta Carik kedah dipun penhet saking Pegawai Negeri Sipil. Ing tahun 2012 menika Alexendher Youdhi mbiyantu Kepala Desa Yustina Kemiyarni kanthi jabatan Sekretaris Desa.Rasulan utawi bersih Desa dipun lampahi sesarengan pitung Padhukuhan ing jamanipun Kepala Desa Yustina Kemiyarni. Dintenipun Sabtu Legi, biasanapun rasulan menika wonten ing antawisipun wulan Juli dumugi September. Acaranipun wonten ing Balai Desa Kelor dipun wonteni Kenduri, Karawitan lan Wayang Kulit. Sakderengipun kendhuri wonten arak arakan saking saben padhukuhan ngasto gunungan ingkang cacahipun kalih inggih gunungan lanang kaliyan gunungan wedok.  Saking padhukuhan gunungan menika dipun pethuk dening seni Penthul Tembem. Sak bibaripun sami ikrar lan donga sareng, gunungan wedok ingkang kadamel saking hasil bumi lsp. Dados rebutan saking warga masyarakat awit taksih wonten kapercayan bilih gunungan ingkang sampun dipun ikraraken menika saget dadi berkah saking Gusti ingkang akarya jagat. Padhukuhan Sudimoro, Padhukuhan Kelor saha Padhukuhan Mengger nglaksanakaken rasulan menika dhawah wonten dinten Selasa Wage. Padhukuhan sanesipun kathah ingkang dhawah ing Dinten Jemuah Kliwon.Saksampunipun Kepala Desa Kemiyarni telas masa jabatanipun, Suratman saking Padhukuhan Ngunutkidul kapilih dening masyarakat njabat Kepala Desa, kabiyantu sekretaris Desa Alexendher Youdhi. Ing masanipun Suratman menika bangunan sarana saha prasarana fisik wrata wonten ing pitung padhukuhan. Saking cor rabat, selokan, talud lsp. Tahun 2012 wiwit dados Kepala Desa dumugi 2018. Saksampunipun sekretaris Desa Alexendher Youdhi dipun tarik pemerintah daerah, wonten ing pengisian Sekretaris Desa Setyawati ingkang saking Kecamatan Ponjong ngasta jabatan menika mbiyantu Kepala Desa Suratman. Ing tahun 2018 samangke kanyata kathah ingkang saget kelampahan babagan pembangunan wonten ing Desa Kelor.Desa Kelor sampun pikantuk 110 omah ing program Rumah Tidak Layak Huni saking 317 omah ingkang dipun usulaken. Katambahan ugi program listrik murah kagem masyarakat miskin, pikantuk 145 meteran 450 watt ingkang kapasang wonten ing griya keluarga miskin. Saking catetan ingkang wonten saget dipun anggep bilih masyarakat Desa Kelor sampun mboten migunaaken malih kakus utawi jamban cemplung. Samangke sampun ngginakaken jamban gulu banyak, temtu kemawon menika mujudaken bilih masyarakat Desa Kelor sansaya nggatosaken babagan gesang ingkang langsung sae, manut kaliyan pranatan ugi kawruh saking para pegawai ing Puskesmas II Karangmojo khususipun.Rikala Suratman ngasta jabatan Kepala Desa wonten program kagem masyarakat ingkang dipun kenal kanthi istilah JBM, maksudipun masyarakat ngginakaken wekdal antawis jam 18.00 dumugi 20.00 kangge sinau, ingkang sekolah nggih sinau pelajaran sekolah, ingkang tani sinau babagan pertanian, ingkang ternak sinau babagan ternak lsp.Balai Desa Kelor ingkang sampun dangu dipun rancang supados karenovasi, wonten ing pemerintahan Kepala Desa Suratman menika saget kelampahan. Gambar dipun rancang dening Antonius Suhandi S.T. piyantun saking Padhukuhan Sudimoro. 80 persen biaya saking iuran sedaya Kepala Keluarga  kanthi cara undha usuk. 20 persen pikantuk bantuan saking piyantun ingkang merantau wonten kitha kaliyan mapinten-pinten lembaga. Anggaranipun nelasaken biaya kirang langkung 260 juta.

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Fanspage Desa Kelor